Bancakan
Weton
artosipun inggih punika wilujengan ingkang dipunwontenaken ing dinten lair,
asalipun saking tembung bancakan kaliyan tembung weton. Bancakan inggih punika pèngetan utawi
ing basa
Indonésianipun selamatan, weton inggih menika dinten lair
ingkang tumuju ing Sistem
pananggalan Jawi, ingkang cacahipun wonten 5 dinten pasaran: (pon, paing, wagé, kliwon, lan legi).[1]
Tradhisi Jawi, taksih mrayogikaken sedaya tiyang
dipundamelaken bancakan weton setaun sepisan utawi 35 dinten sepisan utawi
sabotenipun sepisan ing salawasipun gesang. Ananging, saupami punika lajeng
dipunbetahaken sanget, amargi sedhèrèkipun pikantuk sambékala ing salebeting
gesangipun utawi watakipun sampun boten mranani, supados dipundamelaken
wilujengan ing dalem 7 dinten ingkang boten pedhot-pedhot utawi teras ing dalem
salebeting 8 wulan. Mupangatipun bancakan weton menika kagem ngunjukaken raos
syokur kagem ingkang sampun ngasuh kita. Masyarakat Jawi, taksih pitados menawi
tiyang-tiyang anggadhahi pamomongipun piyambak-piyambak. Pamomong inggih
anggadhahi pakaryan mbimbing lan maringi kawruh kagem sedaya tiyang supados
boten lepat anggènipun niti gesang ingkang saged dados reridu dhumateng
piyambakipun.
Antawisipun
pamomong kaliyan ingkang dipunemong raket sanget dados kakiyatan ingkang sami
narik ingkang artosipun menika pamomong mbujuk ing dalem budi ingkang saé, ananging
ingkang dipunemong kepingin nindakaken budi ingkang awis lan sampun boten
nindaki aturan-aturan ingkang sampun wonten ing tata pakerti ing masyarakat,
saengga saged damel masarakat
menika ajrih utawi boten tenang. Ing titi wancinipun, pamomong inggih kalah
kaliyan ingkang dipunemong selajengipun pamomong boten kersa malih ngaturaken
pepènget. Nènèk moyang taksih pitados menawi kedadèyan sak menika dipunjalari
tiyang-tiyang punika boten ngawontenaken bancakan weton ingkang anggadhahi
makna lintu nyelarasaken antawisipun lair kaliyan batin.
Saben
putra ingkang nembé lair, dipunwontenaken bancakan weton ingkang sepisan nalika
putra umur 35 dinten utawi selapan dinten. Putra ingkang sampun biasa
dipunwontenaken bancakan weton kalih tiyang sepuhipun, langkung ngatos-atos ing
salebeting niti kagesangan puniki lan saged dipuntebihaken saking bebaya.
Piranti
ingkang saged dipunsiyagakaken ing bancakan weton inggih menika, satunggal kalo
sega tumpeng kaliyan lawuhipun, godhong-godhongan lan bumbu urap, setambir ingkang ngemot woh-wohan, jajan pasar lan téla/polo
ingkang sampun dipungodhog, bubur
cacahipun 7 warni, satunggal nampan ngemot 3 warni unjukan dan satunggal
mangkok kembang setaman.
Pasa Weton
Pasa
boten kedah ngentosi wulan ramadhan. Nanging ugi saged pasa senin-kemis, pasa ngrowot, pasa mutih, lan sapanunggalanipun boten kesupèn inggih pasa
weton. Pasa weton inggih punika pasa ingkang dipuntindakaken ing dinten neptu
utawi dinten lair ing sajroning 3 dinten.
Ubarampe bancakan
No
|
Jeneng
|
Piranti
|
Arti
|
1.
|
7
warni janganan
|
kacang lanjaran, kubis,
kangkung, cambah, wortel,
bayem, lan godhong keningkir samangké dipun godhog ngantos
empuk. Salajengipun, sedaya wau dipuntata ing tambir kaliyan dipunwuwuhi
bumbu urap ing sanginggilipun.
|
Migunakaken
janganan ingkang cacahipun 7 punika asalipun saking pitu ingkang arupi donga
mugi-mugi dipunparingi pitulungan saking gusti ingkang Maha Agung. Semanten
ugi kacang lanjaran lan kangkung boten prelu dipuniris-iris, amargi samenika
donga mugi-mugi dawa yuswa, kathah rejeki, dawa ususipun (sabar), lan dawa
akalipun.
|
2.
|
Tigan
ayam
|
Tigan
pitik ingkang cacahipun saged 7, 11, 17. Tigan menika dipungodhog lan
dipunoncèki kulitipun lajeng dipuniris dados kalih lan dipuntata ing
saubengipun tumpeng.
|
Cacahipun
tigan ingkang 7 (pitu), 11 (sewelas), 17 (pitulas) nggadahi pangajeng-ajeng
lan donga supados pikantuk pitulungan (7), utawi kawelasan (11), utawi
pitulungan lan kawelasan (17). Lintunipun, tigan menika dados
lambang asalipun para manungsa inggih menika prosès netesipun lahiriah dados
batiniah. Kekalih menika ingkang nyengkuyung kita supados dados manungsa
sejati (dipunlambangaken saking prosès tigan dados anak ayam).
|
3.
|
Bumbu
urap utawi gudhangan
|
Bumbu
pedhes mujudaken gesang ingkang boten namung bingah lan sekéca, nanging
kala-kala pait, getir, sedhih lan sapanunggalanipun.
|
|
4.
|
Polo gumantung, Polo kependem, Polo rambat atawa ingkang mrambat kados téla rambat lan Kacang-kacangan meniko saged kacang tanah
|
||
5.
|
Gedhang raja lan gedhang raja pulut cekap setunggal lirang
mawon. Lan kagem woh-wohan ipunpaling
mboten inggih 3 werni kados, pelem, salak, apel atawa lintunipun.
|
||
6.
|
Beras
|
||
7.
|
Dados
pengarep-arep supaya negoro kito angsal keberkahan saking Gusti dados negoro
ingkang makmur .
|
||
8.
|
|||
9.
|
Maknanipun
inggih meniko, sedhoyo pamomong nyangga lan nopang kahuripan kito supaya kito
samangkeh migunani kagem sedhoyo tiyang, bangsa lan negoro (hamemayu hayuning
bawana). Werna-werni hasil bumi ingkang ngubengi gedhang meniko pralambang
kemakmuran ingkang saking bumi. Gedhang raja meniko lambang kamulyan lan kaluhuran pangkat
lan derajat, gedhang pulut maknanipun
supados kamulyan lan kaluhuran kala wau lengket ing piyambakipunmawi pulut
meniko.
|
||
10.
|
maknanipun
meniko Kesehatan, rejeki, keselametan, supados ndherekaken menawi kito badhe
tindak.
|
||
11.
|
kembang mawar abang, mawar putih, kanthil,
melati lan kembang kenanga.
|
Kembang mawar, awar-awar supaya atinipun
tansah tawa saking nafsulauwamah. Kembang melati, melat-melat ing
ati. Kembang kenanga, supados tansah iling
marang sangkan paraning dumadi. Kanthil
supados tansah kumanthil, atinipun tansah kaiket kaliyan tali rasa kaliyan
leluhur, kaliyan tiyang sepah kito, mawi pangarep-arep kito supados berbakti
kaliyan sedhoyonipun. Kanthil
dados pepeling supados kito ampun ngantos dados anak ingkang durhaka kaliyan
tiyang sepah lan leluhur kito.
|
|
12.
|
Duit
receh
|
Rp.100,
Rp.500, atawa Rp.1000
|
Arthosipun
kito dados manungso mboten becik menawi wuto maring bondho.
|
13.
|
Dipundamel
dados 7 werni campuran, bubur abang, bubur putih, bubur abang silang putih,
putih silang abang, bubur putih tumpang abang, abang tumpang putih, baro-baro
(bubur putih dipun tata ing sisiran gula abang lan parutan kelapa
sacekapipun.
|
Bubur
abang inggih lambang ibu. Bubur putih lambang bapak. Selajeng dados hubungan
timbal-balik, sahinggo ngasilaken bubur baro-baro utawi lahiripun jabang
bayi.
|
|
14.
|
teh
tubruk, kopi tubruk, lan es krambil
anèm
|